Senin, 01 Oktober 2012

asal-usule kawah si kidang

Ana ing lereng bukit sing cepak karo telaga warna ana kawah kang diarani kawah Sikidang.
Manut critane kawah Sikidang dipercaya yen kawah kuwi mbiyene ana istana duwekke sang ratu kang ayu rupane. Arane Shinta Dewi. Ing sawijining dina dheweke dilamar marang pangeran sing kabare gagah lan sugih. Nanging nyatane Shinta Dewi kuciwa amarga pangeran kuwi nduweni awak manungsa lan sirahe rupa kijang. Arane Kidang Garungan. Mula ben ora gampang nglamar, Shinta Dewi nduweni siasat lan njaluk syarat. Syarate yaiku njaluk digawekna sumur sing gedhe lan jero banget ing kono. Wektu kuwi sumure wis arep rampung banjur Shinta Dewi karo para pengawale ngurung sumur kuwi. Kidang Garungan wektu kuwi melu kekurung ing sumur banjur akhire melu kekubur ing sajroning sumur kuwi. Kidang Garungan berusaha supaya bisa metu saka sumur kuwi kanthi ngetokake kabeh kesaktiane banjur iku meledhak kanthi panas lan lapisane goyang utawa gogrok. Amarga saking jengkele Kidang Garungan ngutuk yen kabeh keturunan shinta Dewi bakal nduweni rambut gembel. Mula saka iku ing kutha Dieng terkenal karo anane tradisi upacara adat “rambut gimbal

Tidak ada komentar:

Posting Komentar